Selasa, 02 April 2013

Sebab'e ra iso turu

Jebule wes setengah loro wengi. Aku seh ra iso turu amergo seh ngumek keyboard sing koyok'e rusak. Cen barang yen ra kerumat iso-iso nyusahne awake dewe jebule iso kebuwak njur maleh ngrogoh kesak nggo tuku barang sing podho manfaat'e jare mbah lek duwe barang kuwi kudu di wet dadek'ke Jimat.
Nah sebab-sebab'e ra iso turu kuwi ono kurang luwih 8 perkoro ;

  1. Masalah loro, koyo Watuk, Wahing, Paru-paru Asma lan sak panunggalane penyakit.
  2. Obat, kakeyan dosis obat sing di ombe wayah arep turu.
  3. Stress, pikiran sing gelisah karo emosi bingung leh milih sing endi kudu di disekno arep turu tapi sek kepikiran duwit utawa mikir rabi.
  4. Nandyang loro wong sing loro soro koyo to bar tabrak'an loro sirah geger engsel'e.
  5. Tirah, dolan nang enggen liyan (liyo negoro) arep turu kok sek awan utawa sak walik'ane
  6. Bahasa gaule hormon, nek wong wadon masalah menstruasi, menopause, karo metteng.
  7. jam kerjo sip-sipan. 
  8. Ngorok sing enek sangkut paut'e karopenyakit jantung, tekanan darah tinggi, karo strok.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar